Weblog Keluarga Besar Mbah Sutardi

18 10 2008

Assalamu’alaikum wr.wb.

Nuwun, hatinimbang namung kirim kiniriman email, kawula hanyobi tren anyar jaman seniki, inggih punika blog. Password lan username sampun kawula kirimaken dumateng ngarsanipun para sedherek miyos email supados sageda para sedherek ngedit piyambak, mbok bilih wonten klenta-klentunipun anggenipun kawula nulis asma utawi daftar cucu, lan klentu sanes-sanesipun.

Weblog punika, hing pangajab kawula, mugi-mugiya saged dados wahana silaturahim, komunikasi, lan informasi ing antaranipun para putra, putu lan buyut mbah Sutardi ingkang sapunika sampung mencar nyebar dumugi saindenging jagad nuswantara Indonesia raya. Samangke, blog punika saged dilengkapi poto (ingkang ukuranipun 1MB mawon) kagem kenang-kenangan para putu kaliyan buyut sedaya.

Kirim-kiniriman email mugiya tetep kalaksanan, hananging menawi saged blog punika inggih ugi saged lumampah kanthi lancar. Amin. Mugi-mugi kanthi sarana blog punika silaturahmi tetep saged terus langgeng lan awet.

Wassalamu’alaikum wr.wb.

Nuwun,

Aik.